Posted by budi on Aug 6, '07 12:28 AM for everyone Ngungak cakcakane kepemimpinan Jawa |  |
| Atase Angkatan Darat Kedutaan Besar Singapura ing Jakarta, Col Wong Yu Han, nalika mertamu ing Loji Gandrung, omah dinese Walikota Solo, sawetara dina kapungkur, mratelakake yen yektine budaya lan falsafahe bangsa Indonesia iku akeh kang asumber saka tlatah Jawa Tengah, mligine tlatah kang saiki aran Kutha Solo.
| Pratelane Yu Han iku sejatine ngandhut tapsiran sing jero, lan uga bisa dadi pancadan kanggo ngrembug budaya lan falsafah bangsa Indonesia gegayutan kalawan budaya lan falsafah mimpin. Diakoni apa ora yen yektine budaya lan falsafah mimpin ing nagara iki, mimpin pamarentahan apadene mimpin bebrayan ing wewengkon kang paling cedhak yaiku kulawarga lan bebrayan sakupenge, kenthel werna budaya lan falsafah Jawane. Nalika Soeharto nglenggahi kursi Presiden sasuwene 32 taun, kabeh kang ditindakake prasasat tansah pancadan budaya lan falsafah Jawa. Malah nalika Soeharto mudhun saka kursi Presiden, tetembungan kang dianggo uga migunakake tetembungan Jawa âÂÂlengser keprabonâÂÂ. Tetembungan âÂÂlengser keprabonâ cetha yen kenthel werna budaya lan falsafah Jawane. Adhedhasar tetembungan iki, kaya-kaya aweh gegambaran yen sasuwene iki gaya kepemimpinan ing nagara iki dikuwasani gaya kepemimpinan kayadene raja kang duwe panguwasa mutlak. Babagan sing paling cethek iki wae wis nuduhake yen sasuwene 32 taun rikala orde baru (Orba), nagara iki tansah dipimpin dening presiden sing lelandhesan falsafah lan budaya Jawa. Presiden kang sepisanan, Ir Soekarno, manut cathetan sujarah, uga ora tau kendhat ndhudhah budaya lan filosofi Jawa kanggo ngracik cakrik kepemimpinan supaya bisa ngembat kabeh isen-isene bangsa iki. Lan pranyata nganti saiki budaya lan falsafah Jawa iku isih kenthel mernani maneka warna bebadan ing pamarentahan apadene swasta. Samono uga ing satengahing bebrayan masarakat. Nanging tetela cakrik kepemimpinan lelandhesan budaya lan falsafah Jawa iku uga nuwuhake prandondi kang ora rampung-rampung. Ana saperangan sutresna budaya Jawa kang mratelakeka yen yektine budaya lan falsafah kepemimpinan Jawa iku bisa ndadekake sawijining pemimpin dadi manungsa kang pinunjul ing sakabehe lan tansah nengenake kepentingan sing dipimpin. Dene babagan sing negatif kang tuwuh saka cakrik kepemimpinan Jawa, iku amarga manungsa sing kajibah mimpin ora netepi paugeran lan angger-angger minangka pemimpin laras kalawan budaya lan falsafah Jawa. Ananging, nalika ngaca marang kepemimpinan ing jaman Orba, miturut saperangan masarakat, mbuktekake manawa kepemimpinan Jawa iku mung nuwuhake babagan sing negatif, kayadene otoritarianisme, feodalisme, patron-klien, paternalistik, nglarang tuwuhe beda panemu, represif lan liya-liyane. Durung suwe iki, Prof Dr Trisno Martono, mantan Dekan Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan (FKIP) UNS Solo, ngadani panaliten babagan kepemimpinan para kepala sekolah ing kabeh SMP negeri lan swasta ing Kutha Solo. Asile panaliten, tetela nuduhake yen wernane gaya kepemimpinan Jawa isih kenthel ing kabeh sekolah tingkat SMP ing Kutha Solo. Kudu dikurmati Nalika disowani Espos ing daleme, ing tlatah Gentan, Sukoharjo, Minggu (29/7), Trisno ngandharake, modhel kepemimpinan Jawa sing isih kenthel mernani kepemimpinane para Kepala SMP ing Kutha Solo yaiku paternalistik. âÂÂGaya kepemimpinan paternalistik iku nuwuhake kanyatan kabeh panemune Kepala Sekolah kudu diregani, dikurmati lan kudu dileksanakake dening kabeh staf lan guru ing sekolahan. Lan gaya mangkono iku sejatine uga gegayutan kalawan gaya kepemimpinan ing sandhuwure para Kepala SMP iku,â pangandikane. Lan miturut panjenengane, gaya kepemimpinan paternalistik mangkono iku sejatine nurun gaya kepemimpinan ing karaton ing jaman sing wis kawuri. Kepemimpinan mangkene iki sing ing bebrayan jaman saiki sinebut kepemimpinan gaya feodal. Ya amarga diwernani kepemimpinan paternalistik iku, miturut panjenengane, kang ndadekake gegayuhan aweh kalodhangan marang kabeh kepala sekolah supaya bisa ngetrepake manajamen pendhidhikan kang nuwuhake pendhidhikan sing dhuwur kwalitase, rata lan dhuwur uga produktivitas-e nganti saiki durung kasembadan, mligine ing Kutha Solo. Adhedhasar asil panalitene iku, manut panjenengane, nganti saiki isih akeh kepala sekolah sing mung sakmadya makaryane yaiku mung golek kalenggahan utawa jabatan lan durung ngembani kuwajiban minangka pemimpin. Kamangka dadi kepala sekolah iku kudune ora mung makarya manut aturan wae, ananging uga kudu kebak inovasi lan kreatifitas. Modhel paternalistik iku kang ngalangi tuwuhe inovasi lan kreatifitas ing manajemen kepemimpinan sekolah. ::pra:: |  |
| |