welcome to my paradise

Posted by budi on Aug 6, '07 12:30 AM for everyone
Kudu wani kurban dhiri...

Piwulang babagan kepemimpinan Jawa akeh diajarake dening para pujangga apa dene para narendra utara raja. Piwulang iku kawujudake ana ing tetembungan kang endah lan gampang dieling-eling.
Kaya kang dingendikakake budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, ing jaman Sinuhun Pakubuwono IX, ana piwulang babagan falsafah kepemimpinan Jawa kang unine lamun sira banter aja ndhisiki, lamun sira mandi aja mateni, lamun sira pinter aja natoni.
Dudutane, pemimpin sing duwe kapinteran, duwe pepenginan lan duwe srana kanggo nggayuh pepenginane iku aja nganti ndhisiki kekarepane rakyat utawa sing dipimpin. Yen nerak bab iku, tembene ora bakal disengkuyung dening rakyat utawa para sing dipimpin.
Pemimpin iku prasasat idu geni. Karana iku, pemimpin sing apik aja nganti mateni karir andhahane, pemimpin aja mateni pepenginan andhahan kanggo maju, apamaneh yen ana andhahan sing menjila pintere, pemimpin kudu aweh panjurung supaya sansaya maju. Aja malah ”mateni” andhahan sing pinter iku.
Lan sing ora kalah wigatine, pemimpin iku aja nganti gawe tatuning liyan. Aja dumeh kuwasa, aja dumeh nyekel parentah lan netepake kawicaksanan lan aja dumeh duwe wewenang lan kalenggahan banjur seneng natoni atining liyan. Keplase piwulang luhur babagan kepemimpinan iku mbabar ing sesanti ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani.
”Yen sawijining pemimpin, ora mawas wong Jawa apadene dudu wong Jawa, bisa ngembani piwulang luhur iku, mesthine yen kajibah mimpin utawa nyekel panguwasa mesthi bakal dikurmati dening kabeh rakyat utawa kabeh sing dipimpin ing wewengkon ngendi lan apa wae,” ngendikane Winarso nalika wawanrembug kalawan Espos ing daleme, Minggu (29/7) kapungkur.
Dhuwur wekasane
Kepriye supaya piwulang falsafah mimpin iku bisa dilakoni, miturut Winarso, kudu dijiwani semangat gotong-royong. Tanpa semangat gotong-royong, tangeh lamun falsafah mimpin kang abot sanggane nanging dhuwur wekasane iku bisa dilakoni. Apamaneh ing jaman saiki, sing aran semangat gotong-royong iku wis sansaya tipis. Sing ana mung padha kadereng mburu seneng lan kabutuhane dhewe-dhewe.
Yen kajibah mimpin, kaderenge ya mung butuh ngupaya jabatan utawa kalenggahane bisa awet karegem. Carane, ya samubarang kang bisa dilakoni tanpa mawas apa sing dilakoni kuwi natoni liyan apa ora, gawe kapitunane liyan apa ora, mahanani andhahan utawa rakyate bisa maju apa ora lan liya-liyane. Suwalike yen status-e andhahan, kaderenge mung gawe renaning penggalihe pandhuwure, entuk-entukane ya mung asal bos senang utawa asal bapak senang (ABS).
”Ngapa dene falsafah kepemimpinan Jawa ora bisa dilakoni dening para pemimpin wiwit jaman biyen nganti saiki? Iku amarga falsafah iki mbutuhake kurban dhiri murih sengseme sesami. Dadi kepriye arep dadi pemimpin sing apik, wong kasunyatane jaman saiki sing aran pemimpin iku mesthi owel yen kudu ngurbanake awake dhewe, kaskayane dhewe apadene rasa pangrasane murih rakyat utawa sing dipimpin bisa sejahtera,” pratelane Winarsno.
Uga dingendikakake, wong Jawa jaman saiki wis ora ndhisikake sandhang tinimbang pangan. Kadayan wolak-waliking jaman lan dayane budaya konsumerisme, wong Jawa saiki akeh-akehe milih ndhisikake pangan tinimbang sandhang.
Piwulange kabudayan Jawa iku ndunungake manungsa kang sejati yaiku wong kang ndhisikake sandhang tinimbang pangan. Tegese, yen manungsa sejati iku kudune tansah ndhisikake kawibawan (=sandhang) tumrap pribadine, ndhisikake apike jiwa lan pribadine lan ora ngumbar hawa napsu (=pangan).
Wong Jawa kudune tansah ngupadi murih pribadine menjila dadi pribadi kang luhur kanthi srana ngurangi mangan, tegese laku prihatin, lan tansah ngupadi ngelmu murih pribadine sansaya mateng lan dadi wong kang luhur bebudene. Iki sejatine srana kang paling dhasar kanggo nyedhak marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Lire, pemimpin iku ora liya ya wakile Gusti Kang Maha Kuwasa ing ngalam donya.
Pemimpin kang ngugemi piwulang falsafah mimpin kang kawedhar ing jaman Pakubuwono IX iku, miturut Winarso, bakal kasengkuyung dening rakyat utawa andhahane. Iku amarga watake wong Jawa iku nurut, wegah padudon lan tansah ngugemi katentreman, karahayon lan kaslametan. Lelandhesane, wani ngalah dhuwur wekasane.
”Lhah, yen katandhingake kalawan sistem demokrasi, falsafah iki mesthi wae ora bisa gathuk. Demokrasi iku nuwuhake tegane wong marang wong liya, kamangka wong Jawa iku mesthi ora tekan atine yen kudu gawe tatuning liyan.” ::pra::

Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help